CATEGORIES

Jumat, 13 Maret 2015

pidato bahasa jawa



SESORAH BAB PEPISAHAN

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Ingkang kinurmatan panjenenganipun Kepala SMP N 1 TAYU.
Bapak/Ibu guru, lan staf Tu ingkang kula kurmati.
Kanca-kanca lan adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

Sakderengipun sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung lan tansah paring nikmat lan rahmat saengga kula lan panjenengan sedaya taksih saged pados ilmu kawruh.

Jumeneng kula wonten ngajengipun panjenengan sedaya kagem ngaturaken bab pepisahan.

Kula minangka sesulih saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Menika ingkang saged kula aturaken babagan pepisahan. Sumangga para rawuh sedaya sabibaripun adicara punika saged tansah migunani piyambak-piyambak. Mbokbilih wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangabsami.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar